Program Satu Orang Satu Buku

Kanggo dulur-dulur Gantiwarno ..

1orang1bukuLur .. mbangun desa ora kudu urip nang Ndesa, mbangun Ndeso ora kudu dadi wong sugih banda donya sik.. pemikiran, ide lan kreatifitas kui wis cukup kanggo mbangun Ndesa ..  Sing penting Nduwe kepedulian lan rasa sosial nang ati-ne dhewe-dhewe, sing paling penting ojo ngarep-arep pamrih tumrap apa kang wis dulur kabeh lung-ne marang liyan… Keikhlasan kui abot lang yo angel .. Opo maneh nek gur ngomong thok, akeh tunggal-le “Oya – ayo mbangun Ndesa ananging gur gluduk kurang udan” … malah gur marai anyel lan nggedek-ke pengarep-arep thok ..

Yen to dulur-dulur isih nduwe kepekaan lan kepedulian sosial, njajal ayo iki di wujudkan tenan .. wong siji nyumbang buku siji .. (ora kudu anyar, bekas layak baca wae ora po-po) .. sing penting buku sing di sumbang-ke “DUDU PORNOGRAFI, DUDU BUKU-BUKU SING ISI-NE ADOH SEKO MAKNA PENDIDIKAN” .. iso buku-buku Pelajaran, Pengetahuan Umum, Sejarah Budaya, Keagamaan, Kewirausahaan lan Ketrampilan … nek Anggota nang Group Facebook iki enek 50 berarti wis enek 50 buku sing iso kanggo tahapan awal … Continue reading